WEJANGAN WIRIDZ MAKHLUMAT DJATI. Sambungan dari Bagian. 1
WEDARAN ILMU KEBATINAN TAREKOT TASAWUF DAN MA’RIFAT YANG
PERNAH DI PELAJARI OLEH KI DJAKA TOLOS.
WIRID MAKLUMAT JATI :
Oleh: Wong Edan Bagu.
(PRTP)
Jakarta tgl
09-09-2009
4. KARANA-JATI
Punika andunungaken menggah kakekatipun dating pangeran
ingkang mahasuci, sarehne binasakaken sakalangkung gaib, tanpa rupa tanpa
warna, asipat dede jaler, dede estri, dede wandu, sarta boten mawi jaman makam,
boten arah boten enggen, dinulu boten katingal, dinumuk boten kantenan, punika
isbatipun among cipta sasmita dumunung wonten ingkang waskita, mila dipun kiyas
makaten :
Sajatine ora ana apa-apa, sakabehing asya kang kasebut
iku dudu tajalining dat kabeh, tegese dudu pangejawantahing pangeran kang
mahasuci sajati, iya kang murba masesa kang kwasa mungguh ingsun, kang
mahamulya Mahasuci mungguh ingsun.
Enggah wiwisikan makaten punika manawi dereng saged
anampeni ing panggalih, mugi den taberi amarsudi ing suraosipun pangimpuning
wewejangan- wewejangan sadaya makaten :
Ing sadurunge ana apa-apa, kahananing alam kabir lan alam
sahir saisine during padha dumadi kabeh, kang ana dhihin dhewe among dat kang
mahasuci, sajatining dat kang Mahasuci iku kang asipat hesa, kabasakaken dat
mutlak kadim ajaliabadi, tegese asipat siji, kang mesthi dhihin dhewe, rikala
ijih awing- uwung, salawase kahanan kita yaiku jumeneng pribadi ana ing
sajroning nuked gaib, kang langgeng dumung ing urip kiat, kayektene yaiku urip
kita iki tajalining dat kang Mahasuci sajati, mulane wajib padha bisaa rumeksa
marang urip kita pribadi, marga saka ngati – ati, gemi nastiti kang dadi
sangkaning panguripan, away nganti kapiran nora jumeneng ing uripe, pahe kang
wus tinitah mukmin kas, kareksaning uripe saka wis bias anetepi tokid angantepi
iktekad, sabab ing babasan : nora susah Manawa nandhang kamlaratan, nora uwas
yen kaluwen, nora marasa yen lagi ginanjar lara, nora miris tekaning pati.
Manawa taksih tinitah kawula ngam, kudu tumindak ikhtyar kang andadekake kasantosaning
urip.
Menggah gesang kita punika tetelanipun manawi dados
tajalining dat kang mahasuci sajati, dene kayektosan ing ngriku boten pahe
kaliyan kang kawasa amedharaken kodrat iradat, liripun inggih kodrat iradat
kita pribadi punika sayekti terusaning kodrat iradatipun kang kawasa asipat
kayat, tegesipun asipat gesang, inggih gesang kita pribadi. Mila wujuding
gesang kita punika babaripun mawi papangkatan dumununging dalem 7 kahanan,
inggih punika minangka warananing dat, dados wahananing sipat asma afngal kita sadaya, kados
kapratelakaken ing ngandhap punika :
1. kayu,
tegesipun gesang, anunggil kahananing dat.
2. Nur,
tegesipun cahya dumunung sawijining gesang.
3. Sir,
tegesipun rahsa, dumunung sajawining cahya
4. Roh,
tegesipun nyawa, dipun wastani suksma, dumunung sajawining rahsa.
5. Napsu,
tegesipun angkara, dumuning sajawining suksma.
6. Ngakal,
tegesipun budi, dumunung sajawining napsu.
7. Jasad,
tegesipun badan, dumunung sajawining budi.
Dene kayu punika mila anunggil kahananing dat. Awit
ingkang kapasrahan pangawasa, kinarsakaken anggesangi cahya, rahsa, suksma,
napsu, budi, badan, sadaya, sarta sumarambah saking wiwitan dumugi ing wekasan,
menggah wiwijanganipun kados ing ngandhap punika :
1. Ing nalika
kayu anggesangi kahanan cahya. Sumarambah ing netra, wahananipun andadosaken
saged aningali inggih punika paninggaling dat angagem netra kita.
2. Ing nalika
kayu anggesangi kahananing rahsa, , sumarambah ing grana, wahananipun dados
saged anggada, inggih punika panggadaning dat angagem grana kita.
3. Ing nalika
kayu anggesangi kahananing suksma, sumrambah ing lidhah, wahananipun dados
saged angandika inggih punika panggandikaning dat angagem ing lisan kita
4. Ing nalika
kayu anggesangi kahananing napsu sumrambah ing talingan, wahahanipun dados
saged amiarsa, inggih punika pamiarsa dat angagem ing karna kita
5. Ing nalika
kayu anggesangi budi sumrambah ing manah , wahananipun dados saged birahi
andarbeni karsa, inggih punika karsaning dat angagem ing manah kita
6. Ing nalika
kayu anggesangi kahananing jasad sumrambah ing erah, wahananipun lajeng dados
saged ambegan, lajeng nuwuhaken wulu, kuku lan sasaminipun inggih punika
afngaling dat angagem ing saulah kita saestu boten pahe ing nalika amratandhani
afngal salebeting alam lajeng saged amolahaken surya wulan angin ing
sapanunggalanipun saisen-isening alam sedaya, sami dumunung wonten
purbawasesaning dat kados ingkang kasebut ing ngandap punika.:
1. Dat kapurba kayu, tegesipun dat punika
witing gesang, ambabar waskita, kasebut nama Mahasuci.
2. Kayu
amisesa nur, tegesipun gesang punika amengku wahyaning cahya, ambabar wisesa ,
kasebut nama Mahamulya
3. Nur,
amisesa sir, tegesipun cahya punika amengku gesanging rahsa, ambabar kawasa
kasebut nama Mahawisesa
4. Sir,
amisesa roh, tegesipun rahsa punika amengku gesanging suksma, ambabar cipta,
kasebut nama Mahakawasa
5. Roh,
amisesa napsu, tegesipun suksma punika amengku gesanging napsu, ambabar esti
kasebut nama Mahaluhur
6. Napsu
amisesa ngakal, tehgesipun napsu punika amengku gesanging budi, ambabar karsa
kasebut nama Mahaagung
7. Ngakal,
amisesa jasad, tegesipun budi punika amengku gesanging badan, ambabar nyawa
kasebut nama Mahayekti
8. Jasad,
angleksanani pancadriya, tegesipun badan punika muhung nglampahi gesanging
pancadriya, ambabar ulahing sarira sadaya, kasebut nama Allahtangala
Menggah wangsulipun mekaten :
1. Jasad
kawisesa dening akal, tegesipun ebahing badan punika kaprabawan saking osiking
budi, mila dipun basakaken Allahtangala, dados tandane Hyang Mahayekti, awit
dene badan punika pratandhaning afngaling budi.
2. Budi,
kawisesa dening napsu, tegesipun osiking budi punika kaprabawan saking hawaning
napsu, mila dipun basakaken Hyang Mahayekti, dados kanyatahaning Hyang
Mahaagung awit dening budi punika
anartani afngaling napsu.
3. Napsu,
kaisesa dening suksma, tegesipun hawaning nafsu punika kaprabawan saking
wahananing nyawa, mila dipun basakaken Hyang Mahaagung, dados embahing Hyang
Mahaluhur, awit dene napsu punika anerusi afngaling suksma.
4. Suksma
kawisesa dening rahsa, tegesipun wahananing nyawa punika kaprabawan
sakingpramananing rahsa, mila dipun basakaken Hyang Mahaluhur, dados tandhaning
Hyang Mahakawasa, awit dene suksma punika amimbuhi afngaling rahsa.
5. Rahsa,
kawisesa dening cahya, tegesipun pramananing rahsa punika kaprabawan saking
pranawaning cahya, mila dipun basakaken Hyang Mahakawasa, dados sengkeraning
Hyang Mahawisesa, awit dening rahsa punika amengkoni afngaling cahya.
6. Cahya,
kawisesa dening kayu, tegesipun pramananing cahya punika kaprabawan saking
kawasaning gesang, mila dipun bahasakaken Hyang Mahamulya, awit dening cahya
punika anglimputi afngaling atma.
7. Kayu,
kapurba dening dat, tegesipun kawasaning gesang punika kaprabawan saking
purbawisesaning dat , mila dipun basakaken Hyang Mahamulya dadossusulihing
Hyang Mahasuci, awit dene atma punika amumpuni afngaling dat sadaya.
8. Dat punika
tanpa dunungan, among anjanggreng jumeneng akadiyat, sebab purbawasesanipun
sampun wonten gesangkita pribadi. Milanipun wahananing gesang punika tanpa
wangenankaliyan ananing dat , inggih gesang kita punika dating gusti kang
Mahasuci sajati kayekten wonteneipun babasan 3 pangkat makaten :
Ingkang rumiyin sipating gesangpunika tansah kanggenan 4
afngal, inggih punika : 1. Arip, timbanganing melek 2. Luwe, timbangane tuwuk,
3. Ngelak, timbanganing ayem, 4. Sahwat, timbanganing lerem, punika sami
afngaling napsu sadaya.
Ingkang kaping kalih, sipating ngagesang punika
kadunungan sekawan afngal inggih punika : 1. Sereng, timbanganing sareh, 2.
Supe timbanganing emut, 3. Bingung, timbanganing lana, 4. Pangling,
timbanganing waspada, punika sami afngaling suksma sadaya.
Ingkang kaping tiga sipating ngagesangpunika terkadang
kasandhangan sekawan afngal inggih punika : 1. Uwas, timbanganing santosa. 2.
Susah, timbanganing bingah. 3. Sakit, timbanganing saras. 4. Bilai timbanganing
harja, punika sami afngaling rahsa sadaya.
Menggah liripun babasan 3 pangkat kasebut ing nginggil,
punikasaestunipun inggih saking kodratiradating dat kita sadaya sampun was
sumelanging nggalih.
Dene pambabaring gesang kita ingkang mawi pepangkatan
dumunung ing dalem 7 kahananwau menawi kagerba papangkatipunpunika among
dumunung ing ndalem 3 kahanan inggih minangka warangkaning dat, dados
wahananing sipat , asma lan afngal kita sadaya, kapratelakaken kados ing
ngandhap punika :
1. Roh dipun
wastani atma, dados kahananing gesang, anglimputi ing ndalem sarirakita, mengku
jamaning ngakerat
2. Malaikat,
dipun wastani pramana, dados kahananing gesang angreksa indak lumungsuripuning
dalem sarira kita , amengku jamaning alam supena.
3. Setan
nanging dede iblislanat inggih punika napsu dipun wastani hawa, dados
kahananing gesang anyolahaken karkatipun ing dalem sarira kita, amengku
jamaning alam donya.
Menggah santosaning pangesti kayektosan ingkang dados
tandhanipun, punika manawi pinupus salebeting nggalih sarwi manekung anungku
puja samandi pineleng manegesing karsa.
Adat ingkang sampun kalampahan bilih katarima, lajeng
wonten mangunah dhateng kabekta ing utusan
medal saking sarira kita kang
Amahmulya , amawa tandha katingal saking pranamaning netra, karaos ing ndalem
rahsa, ing ngriku ingkang cinipta dados, ingkang sinedya wonten, ingkang
kinarsa dhateng, inggih saking parmaning kang mahakwasa.
Ing samangke mratelakaken urut-urutanipun wahananing dat
ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau sadaya, inggih punika :
I. Kayu, tegesipun gesang, dipun wastani kayun,
tegesiupun panggesangan, dipun wastani malih kayat, tegesipun anggesangi, dipun
wastani malih kayu dhaim, tegesipun gesang kang tetep. Ananging sajatosipun
inggih naming satunggal kayu punika . Makaten ugi sasaminipun ingkang nama
dhaim, sipat dhaim, iman dhaim, saat dhaim, punika wau sadaya sami dumunung ing
ndalem kayu dhai m sadaya, tegesipun tetep wonten kahananing gesang kita
pribadi.
II. Nur,
tegesipun cahya, punika sajatosipun inggih naming satunggal, ananging dipun
nameni 5 pensebutan, inggih punika : 1. Nuriyat, tegesipun cahya samar,
warninipun cemeng. 2. Nurani, tegesipun cahya nelahi, inggih punika chaya
keeping kalih, warninipun jenar. 4. Nurbuat, tegesipun cahya kang sentosa,
warninipun ijem . 5. Nurmohammad, tegesipun cahya kang pinuji, warninipun
pethak. Menggah gerbanipun sadaya punika kasebut nama Norollah, tegesipun
cahyaning Allah.
III.
Sir, tegesipun rahsa, punika sajatosipun inggih naming satunggal,
ananging dipun wastani dados 6 pasebutan, inggih punika : 1. Sir Iptadi,
tegesipun rahsapurba. Inggih punika dados wahyaning hasmaranala. 2. Sirkabari,
tegesipun rahsa wisesa, dados wahyaning asmaratura. 3. Sirkamali, tegesipun
rahsa sampurna. Dados wahyaning asmaraturidha. 4. Sirngaji, tegesipun rahsa
mulya, dados wahyaning asmaraturidha. 5. Sirkakiki tegesipun rahsa sejati,
dados wahyaning hasmaratantra . 6. Sirwahdi, tegesipun rahsa tunggal , dipun
nameni sirgibi, tegesipun rahsa gaib, dados wahyaning hasmaratantra gama,
menggah garbanipun sadaya punika kasebut nama sirurllah.
IV. Roh
tegesipun nyawa utawi suksma punika sejatosipun inggih nanmung setunggal ,
nanging lajeng dipun wastani dados 7 pasebutaninggih punika :. 1. Roh jasmani
tegesipun nyawaning jasad, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang
ngagesangaken anggotaning badan, dipun ngibarataken roh hewani, tegesipun
kaupamekaken nyawa ingkang anggesangi satokewan. 2. Roh nabadi, tegesipun
nyawaning tumuwuh, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang anuwuhaken wulu
kuku sapa nunggilanipun, tumanen dados gesanging budi. 3. Roh napsani,
tegesipun nyawaning napsu, inggih punika wawayanganing nyawa ingkang
anggesangaken hawaning napsu, 4. Roh rokani, tegesipun nyawaning suksma ,
inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken warnaning suksma. 5.
Roh rohmani, tegesipun nyawaning sipat murah dipun wastani roh rabani tegesipun
nyawaning pangeran inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken
kahananing rahsa. 6. Roh nurani, tegesipun nyawane cahya, inggih punika
wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken wahananing cahya. 7. Roh ilapi
tegesipun sasandhanging nyawa kang awening , dipun wastani roh kudus, tegesipun
nyawa kang asuci, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang anggesangaken
ananing atma, menggah gerbanipun sadaya punika kasebut nama rohullah tegesipun
nyawaning allah
Wiwijanganing roh kasebut nginggil, rujukipun kaliyan
dawuh dalem Kanjeng sinuwun Sultan Agung dateng Kyai Pangulu Ahmad Kategan,
mekaten pangandika dalem.
Sejatine roh iku sawiji, minangka kahananing rahsa,
binasakake nyawa, utawi jiwa kasebut aran suksma prabedane pada mawa tandha
sowing-sowang, yaiku : 1. Tandhaning roh iku anganakake getih , 2. Tandhaning
nyawa anganakake keketeg, 3. Tandaning jiwa anganakake napas, 4. Tandhaning
suksma anganakake rahsaning jasad.
Ananing suksma iku ana papangkate 7 warna, kaya kasebut
ing ngisor iki.
i. Patemone
jasad lan napas, iku den arani suksma wahya, tegese suksma lahir.
ii. Patemone
napas lan budi , iku den arani sukma jatmika, tegese sukma batin,
iii. Patemone
budi lan napsu, iku den arani suksma lana, tegese suksma tetep.
iv. Patemone
suksma lan nyawa iku den arani suksma mulya, tegese suksma mulus,
v. Patemone
nyawa lan rahsa, iku den arani suksma jati, tegese suksma nyata, den arani
maneh suksma rahsa, tegese suksmane rahsa.
vi. Patemone
rahsa lan cahya iku den arani suksma wasesa, tegese suksma wenang.
vii. Patemone
cahya lan urip, iku den arani suksma kawekas tegese suksma pungkasan
Dene patemone suksma kabeh iku den arani suksma
hadiluwih, tegese suksma utama , binasakake retna embanan salaka, yen kumpul
dadi retna inten jumanten , binasakake retna embanan kancana, iku ibarate
martabat wakasiyat, sampurna dadi sasraludira, binasakake retna embanan
sosotya, iku ngibarate martabat wahdat sampurna dadi sotyaludira, binasakake
retna embanan padha retna, iku ibarate martabat akadiyat, waluya dadi manikmaya
windradi, binasakake retna embanan cahya gumilang tanpa wewayangantegese bali
dadi dating nukatgaib, mulih marang ajali – abadi, telas pangandika dalem
ingkang sinuwun kangjeng Sultan Agung. Kyai Pangulu Ahmad Kategan nembah matur
: sampun kasinggihan dawuh dalem punika , wonten bebasanipun menawi teranging
ngelmi kasampurnan punika gumantung ing kawicaksanan.
Ing samangke wangsul amratelakaken urut-urutan namaning
wahananing dat.
V. Napsu
tegesipun angkara, sejatosipun inggih naming satunggal nanging dipun wastani
dados 4 pasebutan inggih punika : 1. Napsu luhama, tegesipun angangsa, darbe
hawea amurugaken dhahga, arip, luwe sapanunggilanipun, wahyaning saking lesan kasebut dados ngibarat
kahananing manah, ingkang asorot cemeng, sampurnaning anarik leburing wulu
kuku, 2. Napsu amarah tegesipun sereng, darbe hawa murugaken angkara, panasten,
duduka sapanunggilanipun, wahananing ing ampere, wahyaning saking karna,
kasebut dados ngibarating manah ingkang kasorot abrit sampurnaning anarik
leburing kulit erah. 3. Napsu supiyah, tegesipun meles dipun wastani napsu
supiyah , tegesipun adreng darbe hawa murugaken murka, pepenginan pakareman
kabiraen sapanunggilanipun , wahananing ing lilimpa, wahyanipun saking netra
kasebut dados ngibarat wawahananing manah ingkang sorot jene sampurnaning
anarik daging otot. 4. Napsu mutmainah, tegesipun jinem darbe hawa murugaken
loba , inggih punika loba dhateng kautaman kadosta, anglampahi pujabrata,
ingkang kalantur-lantur boten mawi watawis, wahananipun ing babalung wahyanipun
saking grana, kasebut dados ngibarat kahananing manah ingkang asorot pethak,
sampurnaning anarik leburingbalung sungsum.
Dene manawi kapatitisaken witing napsu punika saking
utek, wedalipun andarbeni pangawasa, menawi dumunung ing manic dados cipta,
andarbeni pangraos. Menawi dumunung ing lesandados raos, andarbeni pamiraos,
lajeng amedalaken swara, menawi dumunung ing manah dados birahi, andarbeni
karsa. Menawi dumunung ing jantung dados angen-angen, andarbeni panggraito
wedalipun saking jantung lajeng dados nupus, katampen ing wadhuk lajeng dados
ampas, katampen ing ampere lajeng anunggil lampahing rah dados tanapas,
angambah dateng maras lajeng dumunung ing limpa dados napas, sumrambah ing
jasad lajeng dados keketeg, amratandani karkating solahbawa, menggah sangkaning
saliringafngal wau medal saking hawaning napsu sedaya
VI.
Ngakal tegesipun budi, punika sejatosipun inggih naming satunggal
nanging dipun nameni dados 5 pasebutan. Inggih punika : 1. Budi maknawi inggih
manah maknawi tegesipun wahyaning budi 2. Budi sanubari , inggih manah sanubari
tegesipun wahananing budi. 3 budi suweda, inggih manah suweda tegesipun woding
manah, dados ngibarat kahananing budi, budi puat inggih manah puat, tegesipun
woding jajantung, dipun nameni budi jati, tegesipun manah suci, dados ngibarat
pramananing budi. 5. Budi siri, inggih manah siri, tegesipun rahsaning manah,
dipun wastani budi napi, utawi manah napi, tegesipun manah wening, dados
ngibarat pangsraosing budi.
Dene yen kapatitisaken pakartining budi punika kapilah
dados 2 perangan, inggih punika :
1. Dipun
wastani Pancamaya, tegesipun osik gangsal, inggih punika pangawasaning budi
ingkang taksih sinuksma ing ndalem rahsa , wijangipun wonten 3 papangkatan
sarta sami anggangsal pakarti inggih punika :
1. Dipun
wastani locita, tegesipun karenteging batos kasebut nama langgamaya, tegesipun
jumenenging osik kadosta ambeg, watek, graita, esti, cipta. 2. Dipun wastani
Artika tegesipun pangraosing batos, kasebut nama ciptamaya, tegesipun
wahananing osik, kadosta angkara, birahi, sedya, karsa, garjita.3. dipun
wastani Hunandika, tegeseipun wedahing osikkadosta pangraos, panginten,
panyana, panyakra, panjangka.
2. Dipun
wastani pancadriya , tegesipun manah gangsal, inggih punika pangawasaning budi
ingkang sampun kawedar ing dalem rahsa, wijangipun ugi 3 pangkatan lan sami
anggangsal pakarti inggih punika : 1. Dipun wastani Karmendriya, tegesipun
purbaning budi, kadosta paningal, pamiarsa, panggada, pamiraos, pangraos. 2
Dipun wastani Antarengdriya tegesipun antawising budi , kadosta keketeg, napas,
kedheping netra, rosining lidhah, kenyaming lati. 3. Dipun wastani
Jayaningdriya tegesipun wisesaning budi , kadosta raosing kulit, parji, jubur,
asta, suku.
VII.
Jasat tegesipun badan, punika punika sejatosipun inggih namung
satunggal, ananging dipun wastani dados 2 pasebutaninggih punika : 1. Jasat
turas, tegesipun badan kadadosaken saking lebu, winastan jisim dipun basakaken
badan jasmani, inggih punika badan wadhag, jasat latip, tegesipun badan alus,
winastan jisim dipun basakaken badan rohani inggih punika badan suksma.
Menggah badan wadag kaliyan badan alus punika boten
kenging pisah, sangkan paranipun anunggil kahananing jati, upami satu munggeng
rimbagan, ananging wawangsulan, ing tembe badan wadag punika luluh sampurna
wonten salebeting badan alus kalimputan dening kayu dhaim, tegesipun gesang
ingkang tetep dumunung ing kahanan kita pribadi mila dipun pralambangi warangka
manjing curiga, tegesipun badan wadag dumunung ing salebeting badan alus. Kala
badan wadag taksih dados embanan, pralambangipun curiga manjing warangka,
tegesipun badan alus taksih dumunung wonten salebeting badan wadag. Mila lajeng
wonten andhah-andhahing bebasan mekaten : jasat embaning budi, budi embaning
napsu, napsu embaning karsa, karsa embaning suksma, suksma embaning rahsa,
rahsa embaning cipta, cipta embaning kawasa, kawasa embaning wisesa.
Ingkang dipun basakaken jasat, punika badan wadag, dene
budi, napsu, lan sapanunggilanipun punika badan alus. Ing sarehne sampun cetha
bilih badan wadag lan badan alus punika
sanyata boten kenging pisah, sangkan paranipun anunggil ing kahanan jati, mila
sampun kendhat ing salebeting batos kedah anyipta’a mekaten. Jagad bumi ngalam
kabeh sumurupa maring badan, badan sumurupa maring budi, budi sumurupa maring
napsu, napsu sumurupa maring nyawa, nyawa sumurupa maring rahsa, rahsa sumurupa
maring cahya, cahya sumurupa maring atma, atma sumurupa maring dat, dat
sumurupa maring ingsun, ingsun jumeneng pribadi tanpa timbangan tanpa lawanan
ana ing kalaretingsun kang Mahamulya Mahasuci sejati saka ing kodratingsun.
Bilih badhe manungku puja samadi saderengipun wiwit anekung prayogi anyipta
kados makaten punika.
5. PURBA JATI
Amratelakaken wahananing dat murih anggampilakeun panyuraosipun,mila
perlu dipun dihaerahaken menggah papangkakataning saking wontenipun dat
wau,makaten :
Dat mutlak kadhim ajali abadi,tegesipun jenggerengipun
kang asipat hesa rumuhun piyambak,kala taksih awing-uwung ing kahanan
kita,kasebut wisesa terangipun makaten : Dat punika tanpa tuduhan,amung
dumunung anarambahi wonten salebeting gesang kita pribadi.Ananging khatah
ingkang sami katambetan (boten sumerep),Awit sakalangkung samar,binasakaken
boten jaman makam,tegesipun tanpa arah tanpa enggen,tanpa kanta rupa
warna,sepen saking ganda rasa swara,asipat elok,dede jaler,dede istri,dede
wandu,dipun pralambangi kombang anganjap ing tawang,mila ing dalem martabat
kasebut : Latekyun,sebab saking dereng sanyata ing kahananipun,menggah
terangipun : Gesang inggih sipating Hyang Maha Suci,punika sumunuk angliputi
saindenging jagat saisen-isenipun.Pipindhanipun kados dene wontening hawa
anggenipun sumusuk angliputi jagad raya saisen-isenipun sadaya,dados boten
wonten papan ingkang boten kadunungan hawa,ing salebeting sela,salebeting
brama,salebeting toya lan sanes-sanesipun sami sinusupan hawa,ateges ing
saindenging jagad raya kebek hawa tanpa sela,ing jawi,ing lebet,inggih
angliputi lan linimputan.inggih makaten punika pipindhan wontening dat inggih
Pangeran ingkang maha suci inggih gesang kita pribadi.
1.
Kayun,tegesipun kang urip(Agesang),inggih punika atma,kasebut
wasesa,minangka tajalining dt,awit kasorotan purbaning dat sajati,dipun
pralambangi kusuma anjrahing tawang,tegesipun sekar dhawah ing tawang (tumuwuh
ing awing-awang),mila ing ndalem martabat kasebut takyun awal,dene wiwit
sanyata ing kahananipun (kanyatahan pisan).
2. Nur
(Cahya),kasbut pranawa,minangka tajalining kayu,inggih punika dados
sasandhaning gesang,awit kasorotan saking wisesaning atma sajati,dipun
pralambangi tunjung tanpa talaga.Tegesipun sekar terate gesang tanpa mawi
toya.Mila ing dalem martabat kasebut takyunsani,dene sampun sanyata ing
kahananipun,sebab takyunsani punika ateges kanyatahan ingkang kaping kalih.
3. Sir,tegesipun
rasa kasebut pramana,minangka tajalining Nur(cahya),awit kasorotan wisesaning
pranawa sajati,dipun pralambangi isining wuluh wungwag,tegesipun boten
kawistara.Mila ing ndalem martabat kasebut akyansabitah,dene sanyata tetep
titis ing kahananipun,(titis = tumutis = tetes = tumetes = dhawah,inggih
dhawahing raos).
4.
Roh,tegesipun nyawa,kasebut sukma,minangka tajalining rasa,awit
kasorotan wisesaning pramana sajati,dipun pralambangi tapaking kuntul
ngalayang,tegesipun boten mawi tabet,tapaking kuntul anglayang punika.Mila ing
dalem martabat kasebut akyankarijiyah,dene sanyata medal ing kahananipun.
5.
Napsu,tegesipun angkara,minangka tajalining roh,awit kasorotan sukma
sajati,dipun pralambangi latu murub ing telenging samodra,tegesipun kaelokan
urubing latu wonten salebeting toya punika.Mila ing dalem martabat kasebut
akyanmukawiyah,dene sanyata gesanging kahananipun.
6.
Ngakal,tegesipun budi,ugi kasebut ing griya,minangka tajalining
napsu,awit kasorotan wisesaning angkara sajati,dipun pralambangi kudha ngerap
ing pandhengan,tegesipun kudha nyander yang kakarungan punika nama kaelokan
awit kapal taksih kinarung wonten salebeting jajaran dados upacara teka saged
angerat,punika mokal.dados suraosipun dadi kaliyan pralambang lumpuh angijeri
jagad.mila ing dalem martabat kasebut akyanmaknawiyah dene sanyata kawedhar ing
kahananipun.
7. Jasat
(Badan),tegesipun warana,minangka tajalining budi,awit kasorotan wisasaning
sipat,punapa dene dados embaning mudah,makaten ugi sadaya sorot sami sumarambah
maradini saliring anggotaning badan jasmani sadaya,ateges sampun asipat
(Mahujud).Mila manawi taksih jamaning sipat,dipun pralambangi kodhok kinemulan
ing leng,tegesipun kodhok punika ngibarating mudah ingkang wonten salebeting
jasat,dene leng punika ngibarating jasat ingkang wonten sajawining mudah,inggih
punika kahananing dating gusti taksih kalingan dening sipating kawula.Pahe
manawi jamaning dat ing ndelahan,dipun pralambangi kodhok angemuli ing
leng,tegesipun jasat gentos dumunung wonten ing lebet,inggih punika kahananing
sipating kawula sampun kalimputan dening dating gusti,dados sami tarik
tinarik,tetep tinetepan,kados kasebut ing kadis ingkang ungelipun makaten :
Teteping dat punika anarik dhateng kayu.
Teteping kayu punika anarik dhateng nur.
Teteping nur punika anarik dhateng sir.
Teteping sir punika anarik dhateng roh.
Teteping roh punika anarik dhateng napsu.
Teteping napsu punika anarik dhateng ngakal.
Teteping ngakal punika anarik dhateng jasat.
Sawangsulipun :
Teteping jasat punika tinarik dening ngakal.
Teteping ngakal punika tinarik dening napsu.
Teteping napsu punika tinarik dening roh.
Teteping roh punika tinarik dening sir.
Teteping sir punika tinarik dening nur.
Teteping nur punika tinarik dening kayu.
Teteping kayu punika tinarik dening dat.
Ing samangke amratelakaken menggah dating gusti punika
kaotipun kaliyan kawula dening andarbeni pangawasa,wenang ambabar prabawa sarta
anarik dhateng wedharing gelar kukudan,kados upaminipun manawi karkating jasat
katarik ing pangraosing budi,pangraosing budi kairup ing hawaning
napsu,hawaning napsu kasirep dening wisasening sukma,rerem salebeting
betalmakmur.lajeng amuntu ing wiwaraning pramana,anglerem saniskaraning
pancadriya,mangka kaprabawa dening pangawasaning suksma,anggelar pangraosing
cipta, wahananipun lajeng tilem,kahananing jasat kita ing ngriku saking
pangraos katingalan alaming supena.kaleksanan saliring solah bawa.
Manawi pangawasaning suksma sampun ambabar
pancadriya,sarta ambuka wiwaraning pramana,lajeng anggrenjetaken hawaning
napsu,anuwuhaken pangraosing cipta katampen ing budi ngantos sumarambah ing
ndalem jasat sadaya,ing mriku wahananipun dados tangi kahananing jasat
kita,lajeng uninga malih dhateng saniskara ingkang katingal ing ngalam
donya,mila dipun pralambangi anenun senteg pisan anigasi,tegesipun saweg
sakedhap paningaling ngalam supena,lajeng saged wangsul uninga ingkang
katingalan ing ngalam dunya malih.
Kados mekaten ugi manawi karkating jasat katarik ing
pangraosing budi,pangraosing budi kairup ing hawaning napsu,hawaning napsu
kasirep gdening wisasening suksma,wisasening suksma kakukud dhateng
pangawasaning rahsa,lajeng luluh manjing dhteng pranawaning cahya,anunggil
kaliyan purbaning atma,mantuk dados dat mutlak kang khadim ajaliabadi,ing
ngriku wahananipun dipun wastani pejah kahananing jasat kita,ananging
saestunipun boten pejah,amung ngalih panggenan kemawon,malah waluya gesangipun
langgeng wonten ing kahanan kita kang amahamulya,mahasuci sejati,mila dipun
pralambangi tanggal pisan kapurnaman,tegesipun dereng lami tumitah wonten ing
ngalam dunya,lajeng wangsul malih dados manungsa sejati ingkang sampurna sarta
waskita ing saniskara,boten mawi kasamaran dhateng kang gaib-gaib sadaya.
Inggih makaten punika riwayating dhalil kadis ijemak
kiyas,ingkang katata urutipun satunggal – satunggal,supados muktamata kaliyan
suraosing ngelmi makripat,sebab wonten pangerang-eranging ngelmi makripat mekaten :
1. Sinten
ingkang taksih jibar-jibur ambruwah lumuh dhateng kasutapan,saking ngadat
luwangipun dumugining dinten wekasaning tembe,jisimipun bosok dados
siti,alusipun angalambrang kados kinjeng tanpa soca.Hewadene yen kinntenan
lampah taberi asuci lahir batos,inggih terkadhang boten mekaten kadadosanipun
ndhelahan.
2. Sinten
ingkang anggentur siyam tanpa antawis,saking ngadat luwangipun dumugining
dinten wekasaning tembe,jisimpun wetah dados sela anyangaraken siti,alusipun
dados dhanyang kang smarabumi.Hewadene yen kinantenan lampah trima,tegesipun
ingkang dhinahar narima ing sawontenipun kemawon,inggih terkadhang boten
makaten kadadosanipun ing ndhelahan.
3. Sinten
ingkang banter wungu tanpa watawis,saking adat luwangipun dumugining dinten
wekasan ing tembe,jisimipun wungu kapanjingan brekasan ingkang amedosi,alusipun
nitis dhateng bangsanipun satokewan.Hewadene menawi kinantenan lampah
rila,tegesipun wungu ing sapakantukipun angiras dana mumule ing
sakadharipun,inggih terkadhang boten makaten kadadosanipun ing dhelahan.
4. Sinten
ingkang anglantur cegah sahwattanpa watawis,saking adat luwangipun dumugining
wekasan ing tembe,jisimipun amrajang dados lelembut,alusipun asring anjalma
utawi ngemladean.Hewadene menawikinantenan lampah temen,tegesipun boten nate
anyidra resmi bandrek jijinahan,inggih terkadhang boten makaten kadadosanpun
ing dhelahan.
5. Sinten
ingkang sabar, saged amekak napsuhwa, purun anglampahi pejah salebeting gesang,
tegesipun samubarang tansah ka’angkah – angkah, ulat sumeh, wuwus sareh, solah
angrapepeh, sarta mawi dudugi lan prayogi, miwah anggage watawis, saking ngadat
luwangipun dumugining dinten wekasan ing tembe, jisimipun sampurna gesang
anunggil kaliyan alusipun dados Maha suci sejati, sebab saking istingaharipun
saget gesang salebeting pejah, menawi kinantenan lampah utami, kados saya
lestantun pamoring kawula gusti ing dhelahan.
Awit saking punika, mila lajeng wonten pangerang – erang
makaten : sapa kang tansah kasalimur dening rajah tamah satwa hawa, amesthi
tuna pangestine ing dhelahan, sebab patang perkara mau binasakake dadi
pamurunging laku, lire :
1. Rajah,
Tegese kabungahan, dumunung ing sandhang panganggo.
2. Tamah,
tegese kamukten, dumuning ono ing pangan turu.
3. Satwa,
tegese karesmen, dumunung ono ing sosomahan.
4. Hawa,
tegese kamurkan, dumuning ono ing nafsu.
Dene Manawa ora kalimputan dening patang prakara mau,
pagenea teka kadhung ora bias tutug saparaning cipta.
Pramila ugi sami anebihana ing iman kakalih, inggih
punika iman mardhut lan iman tagayur. Nanging sami marsudia supados saged
kasandhangan iman bahsan, tegesipun kasantosaning manah ingkang sae,sarta
dadosa iman sabitah,tegesipun iman ingkang tetep.dumunung ing gesang kita,kados
ing ngandhap punika :
1. Iman
idayat,dumunung ing gesang kita dados pitedahing awas.
2. Iman
mupasal,dumunung ing gesang kita dados palilahing pasilahaning emut.
3. Iman
sadrah,dumunung ing gesang kita dados pambukaning budi.
4. Iman
khalir,dumunung ing gesang kita dados pangestining birahi.
5. Iman
maksum,dumunung ing gesang kita dados pangreksaning napsu.
6. Iman
mahtup,dumunung ing gesang kita dados panuntuning eneng.
7. Iman
makbul,dumunung ing gesang kita dados panarimaning ening.
8. Iman
mujemal,dumunung ing gesang kita dados kaelokaning wirangi.
9. Iman
gaib,dumunung ing gesang kita dados panuksmaning suksma.
10. Iman
tayibah,dumunung ing gesang kita dados pasucianing rasha.
11. Iman
kamilmukamil,dumunung ing gesang kita dados kasemprnaning pranawa.
12. Iman
dhaim,dumunung ing gesang kita dados panetepaning asma.
Bilih kasembadan lampah kados kasebut ing nginggil wau
temtu ginangtungan kanugrahan ingkang tanpa timbang wonten ing donya dumugi ing
ngakerat pisan.
6. SALOKA JATI
Anggelaraken kawontenaning pralambang tegesipun
pangumpamening babasan ingkang sami minangka pasemon saking arah dununging
kawula gusti,miwah dayaning pakerti,ingkang sami nyantosakaken wewahing
pangandel dhateng pangeran kita pribadi,kados ing ngandhap punika :
1. Gigiring
punglu,tegesipun gegering mimis,punika ngibarat kaelokaning dat,inggih
pangumpamening gesang kita,deneyekti tanpa arah tanpa enggen,sayekti muhung
dumunung ing gesang kita pribadi.
2. Tambining
pucang,tegesipun punika ngibarat kaelokanipun sipating dat,dene kahananing
pangeran punika binasakaken dede jaler,estri lan dede wandu,lan dede punapa –
punapa,kados punapa saestuning sipatpun,sayekti amung dumunung wonten sipating
gesang kita.
3. Wekasaaning
langit,tegesipun punika ngibrat wawangenipun soroting cahya.Inggih soroting
cahya kita,dene tanpa wangenan,sumarambah dumugi kahananing sipat kita.
4. Wekasaning
samudra tanpa tepi,tegesipun punika ngibarat wawangenanipun pengawasaning
rahsa,sumarambah dumugi sanyataning warna kita.
5. Galihing
kangkung,tegesipun punika ngibarat wahananing suksma,ngarambahi ing badan kita.
6. Latu
sakonang,angasataken samodra,tegesipun punika ngibarat wedal ing hawa
napsu.ingkang sasana salebeting pancadriya.
7. Peksi miber
angungkuli langit,tegesipun punika ngibarat rosaning budi tuwuh salebeting
afngal kita.
8. Baita amot
samodra,tegesipun baita punika ngibarating badan ,dene samodra pangupamaning
manah.
9. Angin
katarik ing baita,tegesipun punika ngibarat pakendelaning napas,dening
wedalipun saking badan.
10. Susuhing angin,tegesipun punika ngibarat
pekendelaning napas,inggih punika wonten ing jantung.
11. Bumi kapethak ing salebeting siti,tegesipun punika ngibaratipun
wontening badan kita,ing nguni asal saking siti,ing tembe yekti pakubur ing
siti,inggih punika wahananipun dados daging.
12. Mendhet latu adadamar,sami kaliyan latu ing
salebeting latu,utawi latu binesmi ing latu,tegesipun punika ibaratipun badan
kita asal saking latu tansah angedalaken latu,inggih punika upami wedaling
kanepson.
13. Barat katiyup ing angin,sami kaliyan angin anginte
prahara,tegesipun punika ngibaratipun badan kita asal saking angin,tansah
angedalaken angin,inggih punika napas.
14. Tirta kinum ing toya,sami kaliyan angangsu rembatan
toya,utawi toya salebeting toya,tegesipun punika ngibaratipun badan kita asal
saking toya,tansah kailenan utawi angilekaken toya,inggih punika rah.
15. Srengenge pinepe,sami kaliyan kaca angemu
srengenge,tegesipun punika ngibaratipun wontening cahya kasorotan ing
surya,wonten salebeting cahya,inggih punika kahananipun dados pramananing
netra,saking urubing cahya tansah kasorotan ing cahya.Terangipun,inggih punika
netra,dene saking urubing cahya tansah kasorotan ing surya.
16. Wiji wonten salebeting wit,lan wit wonten salebeting
wiji,tegesipun punika ingkang dipun basakaken pangleburing papan tulis,inggih
amastani dene sajatosipun pangleburan papan tulis,inggih amastani dene
sajatosipun gusti punika wonten ing kawula lan kawula wonten ing gusti.
17. Kakang barep aine muragi,tegesipun punika
ngibaratipun martabat insan kamil,ing nalika tanajul dhawah wonten ing wekasan
piyambak,sereng tarkinipun ing tembe dados wiwitan.dene insane kamil punika
inggih wahananing gesang kita pribadi.terangipun : Gesang kita samangke dhawah
wekasan,ing tembe dhawah wiwitan.
18. Busana kancana retma boten boseni,sami kaliyan busana
wastra tanpa seret,tegesipun punika ngibarating jasa ing lebet,busana wastra
wahananing kulit.terangipun : Amastani dhateng badan kita ingkang wadag,miwah
ingkang alus,punika tetep langgeng wontenipun.
19. Tugu manic ing samudra, tegesipun punika ngibarat
panthenging cipta ingkang terus dumugi pelenging paningal.
20. Sawanganing samudra retna, tegesipun punika mibarating
babularbat tegesipun palawanganing pangeran, kakekatipun amastani palawangan
ing dat, inggih punika babahan sanga winastan kori selamatangkeb tegesipun
melar, mingkuping waras, utawi menga mingkeming lati.
21. Samudra winontan kilat, tegesipun punika mibaratipun
wot sirotolmustaqim, suraosipun amastanning pesating yatma;dumugi ing
ngabyantara ning pangeran kita. Wonten ingkang kamastani bilih wot
sirotolmustaqim punika wedaling pamicara.
22. Bale tawang gantungan,tegesipun punika ngibaratipun
ngaras kursi,tegesipun ngaras,karaupan,punika kakekatipun pasewakaning
dat,dumunung ing sirah lan ing jaja,tegesipun kursi,palenggahan,inggih punika
kakekatipu palenggahing dat,dunungipun ing utek lan ing jantung.
23. Wiji ing sela,tegesipun punika ngibarating
lohkilmahpul,loh-kalam tegesipun roh = papan,tegesipun kilmahpul=pareksa,ateges
papan : kang rineksa,inggih punika kakekatipun sipating dat,dumunung wonten ing
jasat,sarta rineksa malaikat kirman.dene tegesipun kalam=panyeratan,punika
kakekatipun wayanganing dat,dumunung wonten ing budi tumuwuhing
angen-angen,rineksa malaikat katiban suraosing tipikajengan : amastani
telenging gesang,punika dumunung ing badan kita.
24. Tengahing arah,tegesipun punika ngibaratipun
mijan,tegesipun mijan=teraju,inggih punika kakekating panimbangan dat,dumunung
wonten ing : paningal,pamiarsa,pangganda,pamiraos lan pangraos.suraosipun
amastani dhateng panimbanging gesang kita inggih punika dumunung wonten ing
pancadriya.
25. Katingal pisah,tegesipun punika ngibaratipun wahananing
dat kaliyan kahananing sipat,punika saengga kados wijang piyambak.ananging
sajatosipun dat punika boten saged pisah kaliyan sipatipun.sebab wonten wiji
tumuwuh tanpa cangkok,nanging cangkok boten tuwuh yen tanpa wiji.terangipun
amastani dhateng jejering kawula gusti,dene kados wijang
piyambak-piyambak,nanging sajatosipun inggih nunggil kemawon.
26. Katingal boten pisah,tegesipun punika ngibarating
solah kaliyan bawa,tegesipun solah,ebahing badan,tegesipun bawa,osiking
batos.wontenipun solah lan kreteg punika katingal boten pisah,punika kaparengan
dening karsa.
27. Katingal tunggal,tegesipun punika ngibarating dating
pramana kaliyan sipating netra boten sanes,tegesipun amastani bilih
pangawasaning netra kaprabawan dening pramana.
28. Medal katingal,tegesipun punika ngibarating wedaling
dat,ateges pangawasaning pangeran,punika katandha saking kedaling lesan adarbe
swara.
29. Katingal amedalaken,tegesipun punika ngibarat
wedaling napas,dene kanyataan kados wonten ingkang angedalaken.
30. Manawi pejah boten kenging risak,tegesipun punika
ngibarating suksma kaliyan raga,yen raga risak,suksmanipun langgeng
kemawon.kasebut alip mutakalimun wakib,tegesipun sipat kang ngandika sakecap
tanpa karna lesan,inggih punika kang ngarupa sajati dumunung ing suksma,inggih
roh kita pribadi.
31. Manawi karisak boten saged pejah,tegesipun punika
ngibarating napsu kaliyan rahsa,upami napsunipun kapekak,rahsanipun boten saged
sirna margi rahsaning cipta taksih karaos dumunung ing rahsa kita pribadi.
32. Sukalila tega ing pejah,tegesipun punika ngibarat
tiyang badhe pejah,anglampahi tigang prakawis : Sapisan,suka dene rumaos badhe
angsal kabingahan ing jaman kasampurnan.
Kaping kalih,lila dene sampun rumaos lila dhateng barang
tilaranipun.kaping tiga,dene sampun tega tilarsih katresnan lan sadaya
pakaremanipun,punapa dene kawelasanipun,inggih punika anak bojo ingkang sami
katilar kantun sadaya.
Wondhene sakathahing babasan ingkang kangge
cacangkriman,menggah pradikanipun amung kawawas kados ing ngandhap punika.
Sadaya ingkang binasakaken :
Ageng,wiyar,inggil,panjang,langkung,inggih punika ingkang kangge pangumpamen
dhateng ananing dat,inggih kahananing pangeran kita.Dene sadaya ingkang
binasaken : Alit,ciut,celak,andhap,kirang lan sapanunggilanipun,inggih punika
kangge pangupamen wahananing sipat,inggih wujuding kawula.
Wondene ingkang kasebut ing babasan makaten :
bothok,bantheng,winungkus ing ghodong asem kabitingan alu bengkong.Menggah
pradikanipun bothok bantheng,sanepa ananing dat,inggih gesang kita
pribadi,ghodong asem,sanepa wahananing sipat,inggih embaning gesang
kita,kanyatahan saking warna kita,dene alu bengkong,sanepa kahananing afngal
sadaya,inggih pakertining gesang kita.menggah dunungipun makaten : adeging
gesang kita punika asisinglon warna kita,katandha saking solah bawa.
Liya ingkang kasebut ing nginggil,wonten wardinipun malih
makaten bhotok bantheng,punika mani,ghodong asem,punika pawestren,alu
bengkong,punika purusa ananing wardi ingkang makaten wau mboten prayogi menawi
kangge raraosan ing ngakathah kenging dipun wiraosaken,prayogi namung kaliyan
ingkang sampun tunggil kawruh,utawi dhateng ingkang sampun katuwuhan ing
dudugi.Manawi kawiraosaken dhateng ingkang taksih kirang ing dudugi,mindhak
karumiyinan ing pangangkuh,margi dereng dumunung knyektosaning tumuwuh kaselak
amiyagah.
7. SASMITA JATI
Punika minangka pangemut-enut patraping pitegahan
sadaya,bubukanipun amratelakaken riwayating kadis,manawi sampun pare king
mangsa tegesipun utusaning pangeran ingkang maha suci,andhawuhaken janji
dhatengngalam donya,inggih punika malaekat jabarail kinen mundhut sadasa
pangkat kados kasebut ing ngandhap punika :
1. Mundhut
berkting bimi,tegesipun sudaning warna.
2. Mundhut
adiling ratu,tegesipun gingsiring pancadriya.
3. Mundhut lomaning sugih arta,tegesipun
sudaning kikiyatan.
4. Mundhut
wirangining pandhita,tegesipun ewahing budi.
5. Mundhut
tapaning ngawerdha,tegesipun tansah muring-muring.
6. Mundhut
sabaring sudra,tegesipun sugih kanepson.
7. Mundhut sahing kadang warga,tegesipun
petinging angen-angen.
8. Mundhut wiranging pawestri,tegesipun
sudaning kajatmikan.
9. Mundhut
imaning mukmin,tegesipun ngingganging nyawa.
10. Mundhut
sastraning kur’an,tegesipun ingseding rahsa
Manawi sampun rumaos sasmita kados kasebut ing nginggil
punika,kita asring darbe welas dhateng badan kita pribadi,lajeng rumaos
angangkat wijang raga kaliyan nyawa,ing ngriku tanda sampun pare king
pejah.Kawistara sakathahing panengeran angajengaken dinten kiyamat,tegesipun
kiyamat,jumeneng inggih punika kiyamating badan kita,badhe jumeneng kaliyan
pribadinipun(Pejah).Kawistara saking panengeran,kados kasebut ing kitab bayan
maot makaten wawarahipun :
1. KIRANG 3
TAHUN
Kawistara rumaos sayah gesangipun,serta rumaos bosen
anguningani sagunging kamulyan,ingkang gumelar ing dunya punapa dene asring
nandang sakit mumet,asring supena kesahan purugipun mangaler,serta ical
legeanipun salebeting sare.Ing ngriku enggening prayitna,tegesipun kita kedah
enget,yen gesang punika boten wande dumugi pejah.
2. KIRANG 2
TAUN
Kawistara kita asring rumaos darbe kangen dateng
kaluearga ingkang sampun sami tilar dunya serta asring ngunek-unek raosing
panggalih,elik dhateng sakathahing pakareman,punapa dene asring supena
dandos-dandos dalem padaleman.Ing ngriku enggening nastapa.tegesipun cecegah.
3. KIRANG 1
TAUN
Kawistara asring uninga wujud ikang boten katingal,asring
geter senthiling jangga,utawi lajeng nandhang
Sakit,ingkang dadosaken sudaning kikkiyatan,netra
pucet,balungan ngeres linu,sudaning pamuring-muring,raosing lidah suda,ing
ngriku enggening ambater tapa
4. KIRANG 9
WULAN
Kawistara asring sumerep netra kita pribadi,asring karaos
marlupa,lampahing rah asring kendel,kanepson suda ing ngriku tansah anyiptaa
pejah salebeting gesang wonten ing marcapada
5. KIRANG 6
WULAN
Kawistara asring miring barang ingkang pancen boten
kapiyarsa,asring gumrebeg salebeting karna,andadosaken sudaning pamireng,terkadang
boten darbe karkat,tanpa pepenginan,asring tanpa kawelasan.ing ngriku nggoning
wektu kedah tansah anglampahi pandamel sae,kareksa’a sumehing netya,manising
wicara alusing solah bawah.Angecani manah sesamining gesang.
6. KIRANG 3
WULAN
Kawistara asring mambet gandhaning lelembut kados menyan
kobar tuntung amis,utawi mambet gandhaning sesakit,Asring karaos asrep
salebeting grana,suda bantering napas,sarwa kasesa sabarang karsa,ing mriku
pangenaning karem anyepen,tegesipun kedah asring angedalna ing saniskara,sarta
ananamur lampah,punapa dene remen dadana dhateng para sekeng
7. KIRANG
2WULAN
Kawistara asring cidera paningalipun,kadosta : Srengenge asring katingal cemeng,langit
katingal abrit,latu katingal cemeng,wawayanganipun piyambek katingal
kalih,netra katingal tanpa wawayangan.Ing ngriku pangenanging wewarah serta
piweling dhateng putra wawayah sasaminipun,amrih anglampahana pandamel sae
dhateng saliring kautaman.
8. KIRANG 40
DINTEN
Kawistara manawi dariji asta dipun pekak
pekuk,kapetelaken dhalah epek-epekipun dariji manis ka angkat,yen sampun
ka,angkat ajungjung dariji manis wau,utawi darijinipun sekawan sami dipun
pekuk,kapetelaken dhalah epek-epekipun,dariji panunggul ingkang boten katekuk
ka angkat,manawi sampun ka angkat ajungjung darijinipun panunggul wau,inggih
ugi kirang 40 dinten.Punapa dene asring kejeng otot-ototipun,ula-ula
kumedhut,asring supenanipun.ing ngriku pangenaning panelangsa,lan ngapuntena
dhateng ingkang sampun kalepatan,lan anyuwun pangapunten dhateng sasami sami
ingkang kaserikaken.
9.KURANG 10 DINTEN
Manawi mawas asta darijinipun katingal kalong,utawi
ugel2ipun katingal pedot.ing ngriku panggenan amatrapaken pikekahing ngelmi
kasampunan,inggih punika : Iman,Tokid,ma’ripat,Islam. Tegesipun iman,ngandhel
ingkang dipun andhel kodrat kita,inggih kawasa kita pribadi,dumunging wonten
ing eneng.tegesipun tohid,muhung satunggal.inggih punika pasrah dhteng irodat
kita,inggih karsa kita pribadi,dumunging wonten ing ening.tegesipun
ma’ripat,waskita.ingkang dipun waskitani ngelmu kita,inggih punika anguningani
dununging dat,sipat,asma,afngal,(khantha,rupa,aran,pakerti utawi
panggawe).Anggenipun ngawuningani dumuning ing awas tegesipun islam,wilujeng
ingkang wilujeng punapa kayat kita inggih gesang kita pribadi,duunung wonten
ing enget,inggih enget dhateng pangeran kita pribadi.punika datipun,dene
angliputi ing alam sadaya.tegesipun jamal elok,ingkang elok punika
sipatipun,dene dede jaler,dede estri,dede wandu,serta boten jaman makam,boten
arah boten enggen,tanpa warna tanpa rupa.tegesipun kahar,misesa,ingkang misesa
punika asmanipun.dene boten nama sinten-sinten,anjawi namung asmanipun pribadi
kang amiisesa. Tegesipun, sampurna,ingkang sampurna punika apngalipn
pandamelipun, dene saged, gumelar sami sanalika saking kawasa tanpa sangsaya.
10.KIRANG 15 DINTEN. Kawistara asring katingal warnanipun
piyambak. Ing mriku panggenaning pamuja, aneges, karsaning kang maha kawasa,
patrapipun manawi badhe sare mawi angendelna ing saniskara. Pamujanipun makaten
: ana pupujaningsun sawiji, date iya datingsun, sipate iya sipatingsun, asmane
iya asmaningsun,afngale iya afnglingsun. Ingsun puja ing patemon tunggal saka
hananingsun, sampurna kalawan kodratingsun. Ing ngriku nyipta’a amuja tunggal,
inggih punika : bapa biyung, kaki nini, garwa putra, wajah lan sasaminipun
ingkang dados pelenging sih, sadaya wau nunggila wonten jaman kalanggengan.
11.KIRANG 8 DINTEN. Manawi sampun anandhang gerah,
terkadang boten kersa dahar, boten saged sare ing ngriku panggenaning martabat.
Patrapipun menawi bade sare utawi mentas wungu sare mawi angendelna ing
saniskara,dene. Tobatipun makaten : ingsun nalangsa marandat ingsun dewe,
regeding jisimingsun, gorohing atingsun, serenge napsuningsun, laline
uripingsun salawase, ing mengko sun ruat sampurna sadosa ingsun kabeh, saka
kodtingsun.
12.KIRANG 3 DINTEN. Manawi panggalih bingung, angraosaken
gerah uyang, terkadang angedalaken tinja taun, utawi tinja kalong, punapa dene
angedalaken cacing kalung utawi tembagi, pucuking purasa katingal karaos asrep,
wani terag. Ing ngriku panggenaning anekseni datheng dat kita pribadi, mawi
angadelaken saniskara. Anggenipun anekseni makaten : ingsun anekseni ing
datingsun dewe, satuhune ora ana pangeran, nanging ingsun, lan anekseni ingsun,
satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya sajatine kang aran alloh iku badan
ingsun, rosul iku rasaningsun, iya Muhammad iku cahya ingsun, iya ingsun kang
urip ora kena ing pati, iya ingsun kang eling kang kena lali, iya ingsun kang
langgeng ora owah gingsir ing kahanan jati, iya ingsun kang waskita tan
kasmaran ing sawiji-wiji, iya ingsun kang amurba amisesa kang kawasa serta wicaksana
ora kakurangan ing pangerti, biar sampurna padang trawangan, ora krasa apa-apa
amungingsun kang liputi ing alam kabeh kalawan kodratingsun.
13.KIRANG 2 DINTEN. Manawi babahan hawasanga sami karaos
medal angin, terkadang darbe welas dateng badan kita pribadi. Ingriku
panggenaning anucekaken sakatahing anasir bangsa, inggih punika bangsaning
anasir khak ingkang dumuning wonten ing : dat, sipat, asma, afngal, kadosta
anasiring badan asal sakinh bumi, latu, angin, lan toya, punika sadya kacipta’a
suci mulia mantu datheng asalipun,sampuna’a anunggil kalian anasiring roh,
ingkang sukanda wonten kahananing wujud, ngelmu, nur, suhud. Tegesipun wahana
inggih punika roh, amargi roh punika dados kanyatahaning roh. Tegespun ngelmu,
paninggal, inggih punika paninggaling netra balaka amargi paninggal punika
dados pamawasing roh.tegesipun nur, cahya, inggih punika cahya, kang angliputi
sarira, amargi cahya punika dados pathandhaning roh. Tegesipun suhud, saksi,
inggih punika napas, amargi napas punika dados saksining roh. Dene anggenipun
nyuci kaken mawi angandelaken ing sanikara, sarta nyebut ing dalem cipta
makaten: ingsun anucekaken saliring anasir ingsun kang bangsa jasmani, suci
mulia sampurna nunggal kalawan saliring anasiringsunkang bangsa rohano, nirmala
waluyajati ing kahanan jati dening kodratingsun. Bersambung ke Bagian.3
SALAM….MUGA BERMANFA’AT KANGGO SING LAGI LAKU KEBATIANAN.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Djaka tolos / Wong Edan BaGu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com
http://wongedanbagu.blogspot.com