Pamrih:

TEMBUNG ''pamrih'' nduweni teges 'tujuwan' utawa 'pangarep-arep ngenani pikoleh kang bakal ditampa'. Tembung pamrih iku ngemu teges kang kurang becik utawa ''negatif'', beda karo tujuwan, gegayuhan, utawa cita-cita. Pamrih iku pangarep-arep ngenani kauntungan utawa pikoleh tumrap awake dhewe. Pamrih iku adate didhelikake utawa ditutupi nganggo tujuwan kang katoni becik utawa luhur. Upamane calon wakil rakyat kandha menawa olehe kepengin dadi anggota DPR iku arep berjuwang kanggo mbecikake nasibe rakyat cilik. Kuwi tujuwan sing dikatonake utawa sing dijanjekake, nanging ing sisihe kuwi ana tujuwan liya utawa pamrih liyane sing mesthi bae ora kawarak-warakake.

Pamrih iku dudu motivasi intrinsik, nanging motivasi ekstrinsik. Lire pamrih iku ora langsung magepokan karo kalungguhan kang digayuh. La yen pamrih utawa motivasi ekstrinsik mau ora kaleksanan, wong mau banjur kelangan greget utawa ora duwe semangat. Yen pamrihe golek kalungguhan mau supaya bisa sugih, mangka nyatane sawise oleh kalungguhan ora sugih, wong mau banjur nglokro, marga sing dipurih ora kok kalungguhane nanging kasugihane. Ana wong sing sreget nyambutgawe supaya narik kawigatene ndhuwurane banjur pangkat utawa penghasilane diundhakake. Olehe sregep nyambutgawe ya mung nalika isih duwe pamrih, yen pamrihe wis kecekel, wong mau bisa ora sregep maneh.

Ing kalanganing bebrayan Jawa ana tetembungan utawa sesanti: ''Sepi ing pamrih rame ing gawe''. Sepi ing pamrih iku tegese adoh saka pamrih saora-orane ora ndhisikake pamrihe. Dene rame ing gawe tegese ngepengake olehe nindakake kuwajibane. Sepi ing pamrih rame ing gawe iku ngepenake olehe nindakake pakaryan, dene pituwase iku klebu nomer loro. Motivasi intrinsike pancen kepengin nyambutgawe ing babagan kang disenengi utawa ing babagan kang dadi bidang keahliane. Sokur pagaweyan mau bisa menehi penghasilan sing nyukupi, dene ana kurange sethithik ya ora dadi apa.

Kanggone jaman saiki, kaya-kaya sesanti mau wis ora cundhuk utawa wis ora cocok maneh. Ngendi ana wong nyambutgawe ora ngarep-arep pituwase? Selagine wong wewen bae duwe pamrih supaya diwenehi genten. Wong nyumbang tangga utawa kenalan sing lagi duwe gawe kanthi pamrih supaya suk nek duwe gawe disumbang genten. Sawijining perusahaan gelem nyeponsori kegiatan olahraga utawa kesenian amarga kanthi mangkono perusahaan mau dadi populer utawa ditepungi dening wong akeh. Dadi sponsor iku meh ora beda karo pasang iklan.

Ing masyarakat modern iki ora ana barang utawa jasa kang bisa ditampa kanthi lelahanan utawa gratis. Sing jenenge bantuwan bae uga dikantheni jenenge wong, bebadan, utawa perusahaan kanthi tulisan sing gedhe-gedhe supaya pihak sing mbantu tambah popularitase. Pancen terkadhang ya ana siji loro wong kang aweh bantuwan nanging ora gelem disebutake jenenge.

Apa ana wong sing sepi ing pamrih? Sing akeh-akeh apa ora malah rame ing pamrih sepi ing gawe? Pituwase didhisik-dhisikake dene gaweyane ya mengko ditindakake samurwat karo pituwase. Berkorban iku wis dudu jamane, wong rakyat sing dadi korban wis akeh. Banjur kepriye mungguh cak-cakane sesanti ''Sepi ing pamrih rame ing gawe''? Kepriye carane supaya kabeh pada bekerja keras utawa rame ing gawe? Keh-kehaning wong pancen ya padha ngetung pituwase. Sing perlu ngedohake saka pamrih, nggugah motivasi intrinsik ngedohi motivasi ekstrinsik. Guru iku kuwajibane ndhidhik lan nggulawenthah para mudha supaya dadi generasi sing unggul lan tangguh. Wakil rakyat iku sesanggemane makili lan ''memperjuangkan'' kepentingane rakyat sing diwakili. Penegak hukum iku ayahane njaga jejege hukum lan warataning keadilan. Tujuwan utawa motif kang uwal saka bab sing dadi ayahane, iku sing dijenengake pamrih. Upamane dadi guru sing sregep kareben dipek mantu kepala sekolahe. Dadi anggota DPR marga kepengin sugih lan bisa wira-wiri nglencer nyang luwar negeri; Dadi polisi supaya diwedeni wong akeh; lan sapanunggalane.

Pamrih iku beda karo tujuwan. Pamrih iku sifate negatif dene tujuwan iku positif. Tujuwan iku ana sambung rapete karo kalungguhan lan ayahane, dene pamrih iku sifate subjektif individualistis, mung golek kauntungane dhewe.

Para narapraja, wakil rakyat, guru, penegak hukum lan sapanunggalane nalika nindakake ayahan perlu nengenake tujuwan lan ngiwakake pamrih. Yen pamrihe digedhek-gedhekake bisa gawe rugining negara. Ya pamrih kang digedhek-gedhekake iku kang gawe subur lan warataning korupsi. Kepriyea bae, sesanti ''Sepi ing pamrih rame ing gawe'', iku isih perlu diugemi. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan

Tidak ada komentar