Ngundhuh Wohing Penggawe:

ANA tetembungan sing unine "Sapa sing nandur bakal ngundhuh". Unen-unen iku ana sambung-rapete karo "Ngundhuh wohing penggawe" utawa "ngundhuh wohing pakarti". Lire, kahanan sing disandhang saiki ora uwal saka penggawe utawa pakarti sing wis ditindakake. Kahananing urip, bungah susah, begja cilaka, sugih mlarat, kabeh mau keh-sithike mujudake wohing pakartine dhewe.

Apa kabeh sing nandur iku mesthi ngundhuh? Lha nek tandurane ora thukul, sawahe puso, apa sing bakal diundhuh? Yen sing ditandur penggawe sing ora becik adate bakal ana wohe; yen sing ditandur iku kabecikan durung mesthi wohe bakal dirasakake. Sing ngundhuh ora mesthi sing nandur, tarkadhang sedulur utawa anak putune. Tumindak becik utawa nandur kabecikan kuwi apike kawawas minangka kewajiban, dadi ora perlu diarep-arep pituwase.

Pakarti kang ora becik iku mesthi ana undhuh-undhuhane. Mula manungsa iku kudu bisa mawas dhiri, pakarti apa bae sing wis katindakake sing undhuh-undhuhane bisa gawe ora kepenaking uripe. Kanthi mangkono manungsa ora bakal gampang nyalahake wong liya, nyalahake nasib, nyalahake takdir, sing ateges uga nyalahake Sing Gawe Urip.

"Sing sapa salah seleh", tegese sapa sing tumindak culika iku bakal nemu kasangsaran. Manungsa iku percaya menawa Gusti Allah iku Mahaadil. Manungsa percaya menawa ana hukum sing luwih adil ing sandhuwuring hukum negara utawa masyarakat. Saben negara duwe pranatan utawa hukum dhewe-dhewe. Hukum gaweyane manungsa iku tarkadhang kurang adil, luwih-luwih cak-cakane. Pidana kang kapatrapake tarkadhang sok ora samurwat karo kaculikane. Sogok-sogokan utawa suap-menyuap wis kaprah ing proses pengadilan. Sing diarani "mafia peradilan" iku dudu mitos utawa critra kang ngawayara.

Hukum sing luwih adil yaiku hukum alam, hukum karma, hukum gaweyane Sing Mahaadil. Senajan manungsa bisa ngendhani pamidanane hukum negara, manungsa ora bisa uwal karo Mahahukum gaweyane Sing Akarya Jagat. Asring ditembungake menawa "Gusti Allah iku ora sare", lire sakabehing tumindak ala lan becik iku tansah kapirsan. Ananing Gusti Allah iku uga "Maha Pengampun". Sakabehing dosa iku yen wis disadhari, diakoni, lan sabanjure wong mau mertobat, mesthi bae bakal pinaringan pangapura.

Tetembungan "Ngundhuh wohing penggawe" iku bisa diarani "kearifan lokal" utawa kawaskithaning masyarakat Jawa anggone merdeni lan mahami urip lan panguripane. Dadi, sumbering undhuh-undhuhan iku dumunung ana pakartine dhewe, mula manungsa kudu tansah ngati-ati nalika tumindak utawa makarti.

Apa sakabehing panandhang iku asale mesthi saka pakartine dhewe? Apa lindhu gedhe, tsunami, lendhut panas sing nuwuhake panandhang tumrap sebageyan masyarakat Indonesia uga mujudake wohing pakarti? Dosa utawa pakarti ora becik apa sing nuwuhake panandhang mau? Nalika pemerintah ngundhakake rega bahan bakar minyak (BBM) sing tambah gawe rekasane rakyat, yen petani rugi marga pamarentah ngimpor beras, iku apa ya rakyat cilik utawa petani sing dosa?

Pakarti iku ana sing sifate "makro" ana sing sifate "mikro", ana sing sifate kolektif, ana sing sifate pribadi. Pakarti ora becik utawa dosa iku ana sing arupa dosane wong akeh, dosane negara, dosa turun-temurun, lan dosa pribadi. Dosa sing kaya ngono mau tarkadhang sing ora melu-melu ya katut ngundhuh; dadi, ora pilih-pilih, sapa bae ngundhuh wohe. Ananing proses mau durung rampung, sifate isih sementara. Sabanjure mbokmenawa ya mung sing makarti sing ngundhuh wohe.

Sakabehing tumindak iku kudu dipetung utawa dilimbang-limbang kanthi premati, awit kabeh mau sing bakal ngundhuh ora liya ya awake dhewe. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan

Tidak ada komentar