Jer Basuki Mawa Beya:

BASUKI iku tegese slamet, raharjo, apa kang ginayuh, apa kang sinedya klakon utawa keturutan. Sing digayuh utawa dipengini mau ora bakal kasembadan yen ora dikantheni usaha, pangupadaya, lan pangurbanan. Ora ana kahanan kepenak lan barang pengaji kang bisa ditampa kanthi lelahanan. Ora ana barang kang gratis, kabeh mau kubu dibayar utawa ditohi pangurbanan. Yen kepengin duwe dhuwit ya kudu nyambutgawe, yen kepengin pinter ya kudu sekolah utawa sinau. Tarkadhang pengurbananen wis akeh, nanging gegayuhane durung bisa kecekel.

Pancen ana tetembungan thenguk-thenguk nemu kethuk. Thenguk-thenguk tanpa tumandang gawe dumadakan nampa barang kang pengaji, yaiku kethuk. Nanging kuwi mau mung dhapur kebeneran, sing kedadeyane langka utawa arang banget. Ora angger thenguk-thenguk mesthi banjur nemu kethuk. Mung thenguk-thenguk tanpa tumandang gawe ya ora bakal oleh apa-apa.

Supaya basuki ya kudu gelem tumandang, gelem usaha, ora wedi kangelan. Ana sing duwe panemu menawa beya iku tegese dhuwit. Dadi, supaya sedyane kasembadan, wong iku kudu gelem cucul dhuwit. Panemu mau kaya-kaya ana benere, luwih-luwih yen dijumbuhake karo kahanan jaman saiki. Jaman saiki apa bae bisa dituku nganggo dhuwit. Supaya anake bisa ditampa ana sekolah favorit bisa disranani dhuwit. Gelar kesarjanaan bisa ditampa, waton wani mbayar. Supaya oleh pegaweyan, supaya munggah pangkat, supaya tidak terjerat hukum kabeh mau bisa disranani nganggo dhuwit. Jaman saiki dhuwit iku pancen kuwasa, apa bae bisa dituku waton nganggo dhuwit sing akeh.

Nanging beya iku ora mung ateges dhuwit. Beya ing sesanti mau uga ateges usaha lan pangurbanan. Ya mung usaha sing tlaten, pambudidaya kang ora kendhat, perjuangan kang ulet, apa sing digayuh lan dipengini bisa kasembadan. Dhuwit iku uga mujudake srana sing piguna, nanging ora cukup yen mung ngendelake dhuwit thok. Tekad, usaha, pangurbanan iku luwih wigati katimbang dhuwit. Yen mung ngendelake dhuwit, asil kang ditampa akeh kekurangane, akeh cacate.

Dhuwit iku pancen digdaya, nanging ora kabeh gegayuhan bisa disranani nganggo dhuwit. Ngendelake dhuwit bisa mrosotake ajine barang kang digayuh. Ijazah tukon, gelar tukon, pangkat tukon iku luwih asor pengajine yen katandhing karo sing dudu tukon.

Jer basuki mawa beya, kahanan kang luwih kepenak, katekane apa sing digayuh, iku mbutuhake pa-ngurbanan. Ora ateges menawa ana dhuwit mesthi basuki. Ewadene nalika ana kacilakan lalu lintas, penumpange padha ngresula marga padha nandhang tatu, ana sing aweh komentar nganyelake, Wong bayarane murah kok njaluk slamet. Dadi, slamet lan orane diukur saka bayarane.

Jer basuki mawa beya, keslametan lan kasembadaning sedya iku mung bisa ginayuh srana pangurbanan. Beya ora ateges dhuwit. Tanpa usaha, tanpa pambudidaya lan pangurbanan tangeh bisane basuki. . ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan

Tidak ada komentar