Dora Sembada:

DORA iku tegese goroh, ora bares, sing dikandhakake ora padha karo kanyatane. Goroh iku motif utawa tujuwane werna-werna, upamane: supaya ora didukani ibune, Budi kandha menawa wis nggarap PR-e, mangka sanyatane durung; Totok matur karo Pak Dhene menawa ing kelase dheweke rangking utawa peringkat siji, mangka nyatane bijine mung klebu rata-rata kelas. Goroh sing tujuwane nggolek kauntungan iku disebut ngapusi.

Ing jagating dedagangan utawa dol-tinuku, goroh kuwi wis jeneng lumrah. Barang sing kulakane murah dikandakake larang, luwih akeh karo rega sing sanyatane. Rega barang dikorting 20% nanging sadurunge wis diundhake 30%. Sawise nyang-nyangan, yen regane wis disetujuni, sing dodol kanda, "Niki nek boten kalih sampeyan boten kula sukak-ake."

Satemene tumindak goroh iku ora gampang. Goroh iku mbutuhake alesan. Alesane mau kadhang ya goroh, dadi goroh siji nukulake goroh liyane. Yen bola-bali goroh, wong liya mbanjur niteni, lan ora gampan percaya karo omongane. Wong mau banjur dicireni dening wong liya menawa sifate pancen seneng goroh.

Goroh iku ora klebu ewone tindak kang becik. Sifat seneng goroh iku klebu bebuden kang ora becik. Ewadene isih perlu dipetani apa sakabehing tumindak goroh iku mesthi ora becik. Dora sing sembada iku dudu tindak kang ala, awit tujuwane becik. Sembada iku tegese mitayani, tanggung jawab, konsekuen, ora endha ing ubaya. Upamane: nalika kita mertamu, karo sing duwe omah kita ditakoni apa wis mangan apa durung; rehne ora seneng gawe repote sing ditamoni, kita mangsuli wis mangan, senajan sanyatane durung mangan. Mangkono uga upamane ana sedulur utawa kanca sing titip kongkon nukokake barang, kamangka dhuwit sing dititipake iku ora cukup kanggo tuku barang mau. Rehne kita ngerti menawa sing titip mau ekonomine ora pati becik, mula ya kekurangane kita tambahi, lan nalike memehake barang titipan mau kita kandha menawa dhuwit sing didipake mau wis cukup. Goroh utawa dora sing kaya ngono mau dora sembada.

Goroh utawa dora iku keh-kehane ora sembada. Akeh wong sing cidra ing janji, apa sing dikandhake beda karo kanyatane. Nalika isih duwe pamrih, tembunge beda karo bareng wis kelakon sedyane. Ing jagating politik bab sing kaya mangkono iku kawawas kadidena wis lumrah. Kamangka ana tetembungan "sabda pandhita ratu". "Sabda pandhita ratu" ikut tegese sabdaning pandhita lan sabdaning ratu. Pandhita utawa ratu iku yen nabda utawa ngendika ora kena wola-wali. Mangkono uga para pemimpin sing kudune ambeg pinandhita utawa kadidene ratu, yen ngandika utawa yen janji iku ya kudu metes, ora kena wola-wali. Tembung-tembung sing lamis, janji-janji sing ora netes, iku klebu dora sing ora sembada, cengkah karo paugeran "sabda pandhita ratu".

Dora utawa goroh ikut cedhak karo tindak culika. Jarene hiya kok jebule ora. Jaree "demi rakyat kecil", la kok mung kanggo golongane dhewe ? Jarene dibagi wrata, kok banjur dihaki dhewe? Tumindak sing kaya mangkono mau gawe kapitunane bebrayan.

Ing masyarakat Indonesia kang "pluralistis" banjur tuwuh egoisme lan eksklusivisme golongan. Kabeh padha "berjuang" kanggo kepentingane golongane dhewe-dhewe. Kanggo kepentingan lan kemenangan golongane janji diobral, nanging sabanjure ora ana kabul kawusanane. "Sabda pandhita ratu", "satunya kata dan perbuatan", ora diugemi.

Kayadene wong sing seneng goroh banjur ora dipercaya, mangkono uga pemimpin kang kakehan janji tanpa bukti, ora bakal antuk kapercayan maneh saka rakyat. Goroh lan ora netepi janji iku klebu bebuden sing ora becik, sing cengkah karo "sabda pandhita ratu". Goroh lan mblenjeni janji, loro-lorone klebu dora sing ora sembada.

Goroh sing gawe rugine liyan, iku nuwuhake sangga - runggi lan ngedohake kapercayaning liyan. Kosokbaline, dora sing sembada, adoh saka tindak culika lan gawe kepenake liyan tanpa njaluk pangalembana. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan

Tidak ada komentar