Agama:

LHA iki nggegirisi. Ngrembug agama. Iki rak laladan sara. Dakwiwiti cangkriman: Ing sajroning babad ana tulis. Yen ora ngati-ati, rusak agamane. Apa kuwi, kepriye. Mangga mandheg sadhela dipikir, dirasakake dhisik, lha agama kok bisa dadi rusak, kuwi larah-larahe kepriye, kepriye juntrunge. Yen ora bisa mbatang, luwih becik ngundang modin bae. Jebul makna batangane kaya kiye: Nalika wong babad-babad utawi mbabadi suket, rerungkud, lan tetuwuhan apa dene tetanduran kang ora utawa mungfangati, wong kudu ngati-ati. Amarga ana ing rerungkud kono lumrah ana tulis (watu mendhelis, watu mencungul nlesep) ketutupan sawenehing tetuwuhan. Yen ora ngati-ati watu dibabad, disasak, ditebas nganggo agamane (gamane: arit, pacul, cethok, bendho, linggis, wangkil, lan sabangsane) bisa bae gamane rimpil, gempil, mleyot, gowang, lan liya-liyane, wose rusak gaman kuwi (cangkrimane muni rusak agamane). Wo, ngono ta. Tuwas olehe padha ngulir pikir ndadekake bathuk sabathoke krasa anget rada panas. Wis, ra sah se... ri... yus.

Lha iki rada wigati. Jalaran apa? Jalaran nedya nggulawenthah generasi, ndhidhik anak lanang-wadon, putu, buyut...teturun klebu para kawula (rakyat jelantah). Mula kudu nyingkiri, ngungkurake angkara (napsu-napsu kang ngreridhu, amrih njugarake niyat utama). Anggone mangkono kuwi dianggit nganggo tembang macapat Pangkur. Diripta nganggo kidung adi, digarap kanthi becik temumen, digawe endah edi. Supaya dadi masterpiece pangawikan luhung. Amarga ana ing Tanah Jawa, ratu utawa pangarsa kuwi nganggoa agama.

Kasebut kuwi gancaran mardika saka:
Mingkar-mingkur ing angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap neng Tanah Jawa
agama ageming aji

(Wedhatama)
Wose, mulang muruk, ndhidhik anak, nggulawenthah rakyat kuwi, wong tuwa/para pangarsa nyingkirana, ngendhalenane kaangkaran lan kamurkan.

Saiki ngrembug tembung agama. Nuwun sewu, sapisan engkas nuwun sewu, ing kene aku ora ngrembug agama kang kalumrah ing saiki, ing urip sadina-dina iki, yakuwi agama kang gegayutan karo wahyuning Allah, manajemen kawujudane, apa dene cak-cakaning panembah pangibadah. Ora, aku ora ngrembug kuwi. Aku ngrembug sacara etimologis. Tembung agama kuwi asale saka basa Sangsekerta: a tegese utawa karepe ing ndhuwur utawa kang ana ing ndhuwur; gama oyode tembung ga, banjur tumangkar dadi gam lan gama. Ga karepe mlaku. Uripe manungsa kuwi manuta kang lumaku ana ing ndhuwur. Kang lumaku ana ing ndhuwur (agama) yaiku tuntunan, pandom, peraturan, pranatan. Tembung agama mangkono kuwi jumbuh utawa kanggo ana ing buku Desawarnana (ing jaman Majapait) utawa misuwur aran Nagarakertagama, jinereng Nagara Kerta Agama. Cekak aose maksude pranatan kang gawe kerta raharja makmur ayem tentreming nagara. Pranatan-pranatan diecakake kanthi tliti tumemen, nganti:

1. Bisa gawe kraton lan wewangunan kang kuwat santosa mrabawa (wujude bisa direkonstruksi nganggo referensi Karaton Surakarta lan Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat).
2. Rukune agama-agama asli Jawa karo agama Hindhu lan agama Buddha.
3. Tentreme dhaerah-dhaerah sa-Nusantara.
4. Rakyat oleh kawigaten.
5. Umum ngrasakake hiburan, lan sapiturute.

Lumrah bae kang mangkono kuwi ora total mutlak kabeh warata becik. Akeh unggule, uga ana kakurangane. Kakurangane kayata: 1. lirwa cecawis generasi penerus, 2. lirwa marang lelabuhane para pangemban pangembating praja ing dhaerah-dhaerah, lan liya-liyane kang babaran pamburine bisa gawe Sirna Ilang Kertaning Bumi.

Wigati: anggaran pendhapatan anyukupi. Para rohaniwan/yogi/pendhita ngemban ayahan menyang dhaerah-dhaerah saprelu narik pajeg. Tumindake para petugas kuwi ajur-ajer, andhap asor, pajeg disetorake apa anane, ora disunat, diunthet, didhelikake kanggo kepentingane awake dhewe.

Mula ya sembada, wis tau kaleksanan ing saindhenging Nusantara iki Nagara Karta Agama. Ing wasana Panjenengan dakaturi maca Kern, Kroom, Slamet Muljana, lan Prijohoetomo mamrih marem, mantep, lan manuksmaning karyatama. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan

Tidak ada komentar